Taman Geguritan "AKU"
Aku
Anggitan: Widyastuti
Aku pancen bocah embuh
Nalika weruh wangunan kang ngemu
Pasujarahan dijarah rayah atiku ora trima
Nalika kabudayan kok singkang atiku runtik
Aku pancen bocah embuh
Nalika padha nerak aturan
Aku bakal kojah
Nalika padha seneng marang kang ora bener
Aku bakal micara pener
Aku pancen bocah embuh
Nalika menangi kang ora trep ing ati
Aku bakal ora sudi mituruti
Nalika pranatan wis ora tumata
Aku bakal opyak
Dimuat Djaka Lodhang 12 Januari 2018
Komentar
Posting Komentar