Taman Geguritan "MANEKUNG"
Manekung
Anggitan: Widyastuti
Sang bagaskara wis sumunar
Gumregaha nini
Widadara bakal marak ing ngarsane
Aweh palapuran marang hamurbeng rat
Aja nganti katungkul
Ayo manekung
Supaya pikantuk
Alam kanikmatan padununge sukma
Tansah ngestokake dhawuhe gusti
Bakal mukti mengkone
Menawa kowe mbuja karepe dhewe
Bakal getun tundhone
(Kapacak ing PS No. 11 Tanggal 17 Maret 2018)
Komentar
Posting Komentar