Taman Geguritan "ALAM DONYA"

Alam Donya Sunaring lampu madhangi dalan kang dakpecaki Pating gemebyar, kaya gumebyaring alam donya Donya kang kebak samudana, kebak lamis Kaya lamising omongane manungsa Kang ora bisa diugemi esuk dele sore tempe Cumloroting lampu mung saklerapan Kaya kedheping netra tanpa rinasa Nyecep banyu bebasan mampir ngombe Urip ing alam donya ora kena aji mumpung Kabeh dilakoni kanthi pikir kang wening Ati kang sareh tan kebak hawa napsu Tansah tumungkul suyud Ngestoake dhawuhing Gusti Amrih lila legawa lan tinampa Ing pangayunaning ingkang kuwasa Terbit: Djaka Lodang tanggal 20 Oktober 2018

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Taman Geguritan "MANEKUNG"

Taman Geguritan "AKU"