Taman Geguritan "LUNGKRAH"
Lungkrah
Rasane mung nglawung tanpa bisa kranggeh
Lungkrahe awak kaya raga tanpa daya
Pengin medharake apa kang ana ditelenging
nala
Nanging kandheg tanpa bisa kumlawe
Ana apa ta sejatine ragaku
Kaya wadhag kang tanpa roh
Akeh gegayuhan kang kepengin direngkuh
Nanging bebasan cebol nggayuh lintang
Kabeh sirna tanpa bisa dikendhaleni
Pandulu denalingi pedhut lelimengan
Peteng ndhedhet tanpa bisa sinawang.
Mung bisa ngadeg jejeg nyawang wewayangan
Kang sansaya suwe sansaya ngilang
(Dimuat
PS No.27 tgl 7 Juli 2018)
Komentar
Posting Komentar