Taman Geguritan "SUMELEH"
Sumeleh
Mangga samya
prasudi
Tansah sumeleh
ing atur
Tan duwe rasa
pangrasa
Dahwen kemeren
lan open
Alam donya mung
kebak samudana
Bakal sirna
samangsa-mangsa
Mangga samya
anungkul
Nyadhong duka
marang kang kuwasa
Tansah sumarah
lan prasaja
Gebyar mung
saklerapan
Bandha tan ginawa
Among badan
wadhag
Kang lumarap ing
ngarsane
Komentar
Posting Komentar