Taman Geguritan "ULANGAN"
Ulangan
Dluwang mung daksawang
Siji mbaka siji ukara dakwaca
Nanging ora ana kang cumanthel ing
pikir
Ora bisa mangerteni apa kang dadi
kekarepane
Kuwur tanpa bisa mangsuli
angka kang mratelakake ajinining
kapinteran
bakal sirna ing awang-awang
amarga sungkan tumandang nggegulang
kawruh kang dadi panuduh
marang dedalaning ngaurip
Rama ibu nyuwun pangapunten
Boten ngestoaken dhawuhe
mempeng sinau lan taberi
supaya dadi jalma kang sujana
getun ana mburi tan bisa dibaleni
kaya ngene ta menawa nglirwakake
piweling tiyang sepuh kang sabdane
pancen ampuh
Dimuat
PS No. 14 - 7 April 2018
Komentar
Posting Komentar