Ati kang Gowang
Anggitan : Widyastuti
Pedhut ing wayah isuk iki
Nyurudake jumangkahku mecaki dalan panguripan
Ngudi ilmu njembarake kawruh
Kacandhet dening rasa kang ora bisa takselaki
Rasane ati kang gowang tanpa bisa tak mangerteni
Kadi wit kang kebak godhong garing
Tanpa kuwawa nglawan angin kang nggawa lunga
Godhong-godhong garing
Amung kari pang-pang garing kang ngenteni tibaning udan
Nanging….
Apa ya bisa….
Kang dadi panjangka bakal kasembadan
Menawa aku mung trima lila legawa
Ing satengahing pedhut kang ngiteri
Ora bisa uwal saka rasa pangreti
Meneng tanpa bisa medharake rasa
Mung dadi wewayangan kang gumlibed
Tekad ing telenging ati kudu bisa tuwuh
Kudu bisa nggoleki sunaring srengenge
Cahya kang bisa madhangi ati kang gowang
Nyimpangi pedhut kang nyamarake laku
Supaya bisa lumampah ing satengahing dalan
Ginayuh panjangka kanthi rahayu
Terbit di Panjebar Semangat 25 April 2020
Taman Geguritan "MANEKUNG"
Manekung Anggitan: Widyastuti Sang bagaskara wis sumunar Gumregaha nini Widadara bakal marak ing ngarsane Aweh palapuran marang hamurbeng rat Aja nganti katungkul Ayo manekung Supaya pikantuk Alam kanikmatan padununge sukma Tansah ngestokake dhawuhe gusti Bakal mukti mengkone Menawa kowe mbuja karepe dhewe Bakal getun tundhone (Kapacak ing PS No. 11 Tanggal 17 Maret 2018)
Komentar
Posting Komentar