Taman Geguritan " NUNGKUL"
Nungkul
Anggitan: Widyastuti
Lir gumantining wektu tan bisa diselaki
Dalan lurung-lurung pancen kudu dilewati
Wis ora bisa mlaku mundur maneh
Kudu nata dalanan kang ana ing ngarep
Saiki dudu wayahe nangisi apa kang wis kelakon
Nggelani apa kang wis dumadi
Nanging ngrumpaka apa kang bakal dilakoni
Nata ati lan pikir supaya ora kesandhung
Lelaku kang kleru ora diambali maneh
Jegeg mantep jumangkah tanpa tidha-tidha
Mecaki dalan panguripan kang luwih becik
Komentar
Posting Komentar