Taman Geguritan "PANG GARING"
Pang Garing
Pang-pang garing mung bisa nyawang
Godhong-godhong mabur kagawa angin
Tanpa bisa kumecap apa maneh kumlawe
Wis ora kuwagang nahan godhong-godhong
Supaya tansah tumempel ngayomi
Peksi kang menclok ing pang-pang
Kanggo golek pangeyupan
Godhong-godhong luwih seneng manukara
Melu angin mabur kleyang saparan-paran
Melu tetembangan karo suling-suling
Tanpa ngrewes manuk ngoceh
Njaluk supaya panggah ing pang-pang
Nanging sumaure godhong
Pang-pang kuwi wis ora bisa
Ngadheg jejeg lan menehi pangarep
Wis pasrah melu lingsire srengenge
Dimuat di Djaka Lodhang 28 Desember 2018
Komentar
Posting Komentar