Postingan

Ati kang Gowang Anggitan : Widyastuti Pedhut ing wayah isuk iki Nyurudake jumangkahku mecaki dalan panguripan Ngudi ilmu njembarake kawruh Kacandhet dening rasa kang ora bisa takselaki Rasane ati kang gowang tanpa bisa tak mangerteni Kadi wit kang kebak godhong garing Tanpa kuwawa nglawan angin kang nggawa lunga Godhong-godhong garing Amung kari pang-pang garing kang ngenteni tibaning udan Nanging…. Apa ya bisa…. Kang dadi panjangka bakal kasembadan Menawa aku mung trima lila legawa Ing satengahing pedhut kang ngiteri Ora bisa uwal saka rasa pangreti Meneng tanpa bisa medharake rasa Mung dadi wewayangan kang gumlibed Tekad ing telenging ati kudu bisa tuwuh Kudu bisa nggoleki sunaring srengenge Cahya kang bisa madhangi ati kang gowang Nyimpangi pedhut kang nyamarake laku Supaya bisa lumampah ing satengahing dalan Ginayuh panjangka kanthi rahayu Terbit di Panjebar Semangat 25 April 2020

Taman Geguritan "PANG GARING"

Pang Garing Pang-pang garing mung bisa nyawang Godhong-godhong mabur kagawa angin Tanpa bisa kumecap apa maneh kumlawe Wis ora kuwagang nahan godhong-godhong Supaya tansah tumempel ngayomi Peksi kang menclok ing pang-pang Kanggo golek pangeyupan Godhong-godhong luwih seneng manukara Melu angin mabur kleyang saparan-paran Melu tetembangan karo suling-suling Tanpa ngrewes manuk ngoceh Njaluk supaya panggah ing pang-pang Nanging sumaure godhong Pang-pang kuwi wis ora bisa Ngadheg jejeg lan menehi pangarep Wis pasrah melu lingsire srengenge Dimuat di Djaka Lodhang 28 Desember 2018

Taman Geguritan " NUNGKUL"

Nungkul Anggitan: Widyastuti Lir gumantining wektu tan bisa diselaki Dalan lurung-lurung pancen kudu dilewati Wis ora bisa mlaku mundur maneh Kudu nata dalanan kang ana ing ngarep Saiki dudu wayahe nangisi apa kang wis kelakon Nggelani apa kang wis dumadi Nanging ngrumpaka apa kang bakal dilakoni Nata ati lan pikir supaya ora kesandhung Lelaku kang kleru ora diambali maneh Jegeg mantep jumangkah tanpa tidha-tidha Mecaki dalan panguripan kang luwih becik

Taman Geguritan "MANEKUNG"

Manekung Anggitan: Widyastuti Sang bagaskara wis sumunar Gumregaha nini Widadara bakal marak ing ngarsane Aweh palapuran marang hamurbeng rat Aja nganti katungkul Ayo manekung Supaya pikantuk Alam kanikmatan padununge sukma Tansah ngestokake dhawuhe gusti Bakal mukti mengkone Menawa kowe mbuja karepe dhewe Bakal getun tundhone (Kapacak ing PS No. 11 Tanggal 17 Maret 2018)

Taman Geguritan "AKU"

Aku Anggitan: Widyastuti Aku pancen bocah embuh Nalika weruh wangunan kang ngemu Pasujarahan dijarah rayah atiku ora trima Nalika kabudayan kok singkang atiku runtik Aku pancen bocah embuh Nalika padha nerak aturan Aku bakal kojah Nalika padha seneng marang kang ora bener Aku bakal micara pener Aku pancen bocah embuh Nalika menangi kang ora trep ing ati Aku bakal ora sudi mituruti Nalika pranatan wis ora tumata Aku bakal opyak Dimuat Djaka Lodhang 12 Januari 2018

Taman Geguritan "ALAM DONYA"

Alam Donya Sunaring lampu madhangi dalan kang dakpecaki Pating gemebyar, kaya gumebyaring alam donya Donya kang kebak samudana, kebak lamis Kaya lamising omongane manungsa Kang ora bisa diugemi esuk dele sore tempe Cumloroting lampu mung saklerapan Kaya kedheping netra tanpa rinasa Nyecep banyu bebasan mampir ngombe Urip ing alam donya ora kena aji mumpung Kabeh dilakoni kanthi pikir kang wening Ati kang sareh tan kebak hawa napsu Tansah tumungkul suyud Ngestoake dhawuhing Gusti Amrih lila legawa lan tinampa Ing pangayunaning ingkang kuwasa Terbit: Djaka Lodang tanggal 20 Oktober 2018

Cerpen "PHILANTROPIC"

Philanthropic             Aku semakin lama semakin muak dengan Raven sang penjaga, dia semakin angkuh saja. Rasanya ingin kumaki dan kucaci, andaikan bisa sudah kuludahi mukanya. Wajahnya tidak ada ramahnya sama sekali, mungkin juga hatinya terbuat dari batu yang keras. Wajah penjaga yang semakin lama semakin mengeriput di makan usia, mengingatkanku pada Shipton si penyihir dari Inggris yang wajah dan postur tubuhnya sangat menakutkan. Bahkan diasumsikan keturunan iblis.             Sikap Raven semakin hari semakin menjengkelkan saja. Setiap kali Zanma bertanya dengan ramah dia jawab sekenanya saja. Masih bagus dia mau menjawab meski dengan nada ketus, dia kadang hanya menjawab dengan tatapan mata yang mengejek. Kadang aku berharap ada orang yang menyiram air comberan ke mukanya. Supaya dia menyadari dia hanyalah seorang penjaga bukan penguasa hukum. Aku berharap ada ses...